8 Contoh Tembang Pangkur Tema Ilmu Pendidikan

Pangkur saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Wos kang kamot ing tembang pangkur. Tembang pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan.

Watake tembang pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute.

Guru gatra : 7
Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

Contoh Tembang Pangkur Tema Pendidikan


Contoh 1

Bocah bocah do sekolah
Wiwit mbiyen nalika iseh cilik
Sregep anggone sinau
Wayah esuk lan awan
Nglakokake perintahe para guru
Lan bisa ngerti agama
Agama ngersaning Gusti


Contoh 2

Sekar pangkur ngilmu nyata.
Diwiwiti sing sabar lan prihatin.
Nimba ilmu marang guru.
Wayah isuk lan awan.
Mrih sukses sinau ilmu ingkang luhur.
Ampun lali bab agama.
Bab Agama marang Gusti.


Contoh 3

Nuntut ilmu neng sekolah
Bisa angerteni budi pekerti
Papan bisa nggo sinau
Wayah esok lan awan
Ngrungoake perintahe marang guru
Lan bisa ngerti agama
Agama kang migunani


Contoh 4

Ayo padha sregep maca
Yaiku maca buku basa jawi
Bukune sing werna biru
Isine basa krama
Ngapalno Krama inggil lan krama alus
Nganti saget maca lancar
Lan ora ngisin-ngisini


Contoh 5

Sinau aksara jawa
Hanaca diwulu dadi hinici
Ra disuku dadine ru
Ngawe ng ngowo cecak
Mateni huruf iku kudu dipangku
Ngawe r kudu di layar
Terakhire iku lungsi


Contoh 6

Sinau Tembang macapat
tembang sing paling gampil yaiku mijil
Gatra ora luweh pitu
Luweh sako sekawan
Sing paling bener gatrane enem iku
Gatra ora keno salah
Sebab gatra iku penting


Contoh 7

Ayo padha ing sekolah
Sinau supaya dadi wong sugih
Sugih pekarane ilmu
Ora sugih sing liya
ilmu iku penting kanggo anak putu
Supaya ngerti berjuang
Kanggo pangurip sing asli


Contoh 8

Ayo kanca di gatekna
Becik ala kudu di titeni
Menyang isuk golek ilmu
Sekolah sing tenanan
Supaya dadi wong sukses lan berilmu
Susah seneng di rasakna
Kanggo bekal urip iki


Nah.. Itulah Contoh Tembang Pangkur Tema Pendidikan. Semoga bermanfaat.

Sign up here with your email address to receive updates from this blog in your inbox.

4 Responses to "8 Contoh Tembang Pangkur Tema Ilmu Pendidikan"

  1. link alternatif sabung ayam online di indonesia
    Dapatkan Hadiah Menarik Bersama Bolavita
    Yuk Gabung Bersama Kami Raih Kemenangan Anda Sekarang Juga 100% Tanpa Bot
    Untuk Info, Bisa Hubungi Customer Service Kami ( SIAP MELAYANI 24 JAM ) :
    WA: +628122222995

    ReplyDelete