9 Contoh Tembang Sinom Tema Pendidikan, Keluarga, lan Kerukunan/Kekancan

Saya akan memberikan Contoh Tembang Sinom Tema Pendidikan, Keluarga, lan Kerukunan/Kekancan. Tetapi sebelumnya saya akan memberikan penjelasan tentang tembang sinom itu sediri.

Sinom yaiku kadadean saka istilah Jawa kang dikenal kanthi sebutan “nom” artosipun nggambarake masa muda. Sifat tembangipun yaiku grapyak kang ateges sopan, supel. Masa muda biasanipun remen sesrawungan dateng sinten kemawon.

Watak tembung sinom cekatan, pas kagem nasehati tiang nom kang nembe kasmaran (ketaman wuyung). Watak menika cocok kagem tiang nom.

Paugerane tembang sinom yaiku
Guru gatra : 9
Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

Contoh Tembang Sinom Tema Pendidikan, Keluarga, lan Kerukunan/Kekancan


Contoh 1
Tembang Sinom Tema Pendidikan

Lakune bocah sekolah
Sinau rino lan wengi
Kudune bocah sekolah
Mesti pinter lan setiti
Nanging jaman saiki
Sinanune ora luhur
Karo seneng dolanan
Ora bisa migunani
Mung bisa njaluk lan nyusahke wong tuwa


Contoh 2
Tembang Sinom Tema Pendidikan

Langit iki katon padang
Kaya padange ning ati
Ngilangake rasa malas
Sing tansah ngrogoti ati
Aku tansah taberi
Menyang ing papan sinau
Golek ilmu manfaat
Kanggo sanguning urip
Dadi wong sing migunani marang bangsa


Contoh 3
Tembang Sinom Tema Keluarga

Sedulur pada elinga
Temenana nggonmu urip
Bekti biyung bekti bapa
Duwe pakerti kang becik
Tumindhak kang pratitis
Kakang adhi tansah rukun
Tuladha kang utama
Lung tinulung nora lali
Kabeh mau kanggo kluarga kang mulya


Contoh 4
Tembang Sinom Tema Kerukunan/Kekancan

Kanca ingkang katresnanan
Kanca kang jaler lan estri
Kanca kang apik lan ala
Saka mbiyen nganti iki
Aja padha ngerahi
Supaya uripe rukun
Aja padha kerahan
Lan gawe laraning ati
Iku kabeh gawe rukun marang kanca


Contoh 5

Nuladha laku utama
tumrape wong tanah jawi
wong agung ing Ngeksi ganda
panembahan Senopati
kapati amarsudi
sudanen hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun karye nak tyas ing sasama


Contoh 6

Guwa Clangap ing Tulakan.
Sudimara Guwa Kambil.
Papringan ing Ngadireja.
Somopura tambah malih.
Giri Tundha anenggih.
Sisih elor Guwo Penthung.
Kang manggen ing Tulakan.
Jumbuh lan ingkang den rawi.
Kang kasusra Pacitan ing Sewu Guwa.


Contoh 7

Mangaler pariwisata.
Prapteng tlatah Arjosari.
Ing sendhang Tirta Husada.
Toya anget handayani.
Usadaning sesakit.
Seger sumyah raosipun.
Ing dhusun Karangreja.
Siram eca kang sinambi.
Anjangsana ngiras ngupaya usada.


Contoh 8

Pangéran kang sipat murah
Njurungi kajating dasih
Ingkang temen tinemenan
Pan iku ujaring dalil
Nyatané ana ugi
Iya Kiyageng ing Tarub
Wiwitané nenedha
Tan pedhot tumekèng siwi
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa


Contoh 9

Sun iki dhutaning nata
Prabu kenya majapahit
Kekasih damar sasangka
Atma mantune ke patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
Ingutus sang narpendah
Kinen mocok murdatanji
Marmaningsun ingutus ywa mindho karya


Nah.. Itulah Contoh Tembang Sinom Tema Pendidikan, Keluarga, lan Kerukunan/Kekancan. Semoga bermanfaat.

Sign up here with your email address to receive updates from this blog in your inbox.

24 Responses to "9 Contoh Tembang Sinom Tema Pendidikan, Keluarga, lan Kerukunan/Kekancan"

  1. Mana Tembangnya gk ada... Bohong

    ReplyDelete
  2. Kirrr gawekek tembang sinom aku putra

    ReplyDelete
  3. Maturnuwun ingkang tanpa pepindan...🙏🙏

    ReplyDelete
  4. Gawekke tembang sinom tema sekolah dirumah

    ReplyDelete
  5. Gawekke tembang sinom tema sekolah dirumah

    ReplyDelete
  6. Dah di pake semua di tugas
    Tapi suwun .......
    Masih bisa di ubah biar ga sama:D

    ReplyDelete
  7. tolong buatin tambang sinom tema corona / kesehatan dong plis

    ReplyDelete
  8. tolong buatin tembang sinom nganggo basamu sedina dina kanthi tema sekolah ing mangsa pandemi😭

    ReplyDelete
  9. Aaa makasih....(๑´•.̫ • `๑)

    ReplyDelete